Teks Drama Bahasa Jawa (Wayan Klentreng & Wayan Clunthang)

Ditengah maraknya perbincangan mengenai dihapusnya muatan lokal Bahasa Jawa dari kurikulum 2013. Bagi ane yang notabene mahasiswa Jurusan Bahasa & Sastra Jawa Unnes dalam hati pastilah bergejolak, walau begitu ane nggak boleh patah arang buat nglanjutin hidup, yang penting tetep move on. Kali ini ane mau ngeshare teks naskah drama berbahasa Jawa buat yang sedang cari-cari referensi dan contoh naskah drama bahasa Jawa.


 Wayan Klentreng & Wayan Clunthang
Ing sawijining dina, Raden Panji Wangsengsari lan para abdi, Ki Sebul lan Ki Pelet, duweni niyat nututi rombongan para kadang Panji liyane. Karepe arep bebarengan nggoleki Rden Panji Asmarabangun lan garwa kang nembe murca (ilang). Ananging rombongan Raden Panji Wangsengsari ora bias nututi tindake para kadang Panji, malah kesasar ana ing satengahing alas.
Raden Panji Wangsengsari  : “Paman Sebul lan Paman Pelet!” 
Ki Sebul lan Ki Pelet            : “Dalem Ndara, wonten menapa Ndara?” 
Raden Panji Wansengsari  : “Iki lho paman, gandheng cetha aku ora bisa nututi tindake para kadang Panji, kaya luwih prayoga yen aku maladi hening ing tengah alas kene. Sapa ngerti aku bisa oleh wangsite dewa.” 
Ki Sebul      : “Ngaten inggih prayogi, Ndara. Kula kekalih badhe ngentosi saking katebihan.”
Ki Pelet       : “Wehh, lha golek mala iki! Nunggoni bendara mertapa, kathik kene adoh warung ya Kang!”
Ki Sebul      : “Wah, lha kowe kuwi ya ngawer kok Le. Lha yen ana warung ing tengah alas kaya ngene, njur sing arep jajan kuwi ya sapa?”
Ki Pelet       : “Iya ya kang, aku kok ora kepikiran tekan semana. Kewan-kewan alas kene padha ora duwe dhuwit ya kang! Ya sia-sia yen bukak warung ing tengah alas kene. Hahaha...”
Ki Sebul      : “Woo..., pancen kowe! Ana-ana wae sing kok karang!
Ki Pelet       : “Hahaha...”
Raden Panji Wangsengsari : “Wis ah aja padha padu, kaya bocah cilik wae. Aku tak miwiti tapaku ana kene.”
Ki Sebul lan Ki Pelet : “Inggih Ndara.”
Banjur Raden Panji Wangsengsari lenggah ana ing watu kang kumalasa ing sangisore wit kang eyub. Sang Raden sedhakep saluku tunggal, mandeng pucaking grana, nutupi babahan hawa sanga, lenging cipta nyenyuwun nugrahane Hyang Manon, amrih enggal ketemu kadang sing digoleki. Awit banget gentur olehe mertapa, bangsa alus ing sakiwa tengene Raden Panji Wangsengsari padha ngalih, amarga ora kuwat karo genture olehe tapa sang Raden. Ora kenyana-nyana jebul ana macan gembong sak pedhet gedhene niyat arep mangsa sang Raden. Ki Sebul lan Ki Pelet kaget jalaran weruh ana macan gedhe sing arep mangsa bendarane, banjur nggugah tapane sang Raden. Raden Panji Wangsengsari tangi banjur nigas si macan gembong kuwi mau nganggo kerise. Nggero macan gembong mau katigas kerise sang Raden nganti tumekaning pati. Nanging sawise mati malah bangkene ora katon, sing katon malah Dewa ing Cakrakembang, Sanghyang Bethara Kamajaya. Banjur Raden Panji Wangsengsari lan abdine padha sumungkem.
Raden Panji Wangsengsari   : “Titah ulun pujangkara sira kaki Panji Wangsengsari!”
Bethara Kamajaya                 : “Iya, mara age enggal matura!”
Raden Panji Wangsengsari   : “Dhuh pukulun sang Binanthara. Awrat kula nyangkul ing jejibahan ngupadi kadang ingkang nembe murca. Mangka kula kados tiyang bingung, bebasan kinjeng tanpa soca, kathik kapulet ing lelampahan. Mugi paduka paring kalidamar dhumateng kula.”
Bethara Kamajaya                 : “Titah Ulun Panji Wangsengsari! Dina iki kadangira Panji Asmarabangun lagi kapulet ing lelakon. Wruhira kaki, yen dina iki si Asmarabangun dumunung ana kraton Purwacarita, ing bumi Tirta-kencana alias Toya-jene
Raden Panji Wangsengsari   : “Wonten ing kraton Purwacarita, Pukulun?”
Bethara Kamajaya                 : “Iya pancen ana ing Purwacarita! Prabu Purnamadewa ndhusta kadangmu Asmarabangun digawa ana ing Purwacarita.”
Raden Panji Wangsengsari   : “Jalaran menapa kok kadang kula, ngantos dumugi kraton Purwacarita?”
Bethara Kamajaya                 : “Si Asmarabangun digawa ing Purwacarita iku jalaran abot ing tinangisan putri Prabu Purnamadewa, Dyah-ayu Purnamawati sing kepengin banget digarwa dening kadangira. Malah sekar kedhaton iku tekade pilih mati yan ora kelakon.”
Raden Panji Wangsengsari   : “Lajeng, kados pundi kahananipun kangmas Asmarabangun?”
Bethara Kamajaya                 : “Saiki si Asmarabangun wis kelakon dhaup karo si pembayun iku.”
Raden Panji Wangsengsari   : “Oh, jebul mekaten, Pukulun ...”
Bethara Kamajaya                 : “Iya pancen mengkono, malah rayine Dewi Purnamawati, ingkang asma Dewi nawangsari kang ayune kaluwih-luwih, kepengin dhaupmarang sliramu.”
Raden Panji Wangsengsari   : “Kaliyan kula? Oh, cckk cckk cckk ...!”
Bethara Kamajaya                 : “Bener kaki, Dewi Nawangsari kepengin banget kok garwa, mula iku jodhoira kang pinasthi!”
Raden Panji Wangsengsari   : “Kadosipun angel pinanggih nalar, kepaggih mawon dereng nate, saha dereng nate tatap wadana, lha kok Dewi Nawangsari gandrung dhateng kula?”
Bethara Kamajaya                 ; “Lha yen pancen Bathara ngersakake, kaya ora ana bab kang mokal tumrap panjenengane.”
Raden Panji Wangsengsari   : “Inggih Pukulun, lajeng jodho menika lak nggih kedah tatap wadana, nanging kula dereng babar pisan Pukulun.”
Bethara Kamajaya                 : “Anane sang putri iku kayungyun marang sira iku ya amarga wis ketemu lan sapejagong kalawan sira ana sajroning pangimpen. Malah kedaya keladuking karep, sang putri nandhang asmara. Ya sira kaki Panji Wangsengsari kang pinesthi jejodho.”
Raden Panji Wangsengsari   : “Dhuh Pukulun Sanghyang Kamajaya ingkang satuhu kinabekten. Sembah nuwun dene paduka sampun kepareng jodho dhateng kula. Namung kadospundi amrih kula saged enggal cepet dumugi Purwacarita, temah saged kepanggih kangmas Panji Asmarabangun, tuwin kaliyan Dewi Nawangsasi? Mugi pukulun kepareng maringi sarana.”
Bethara Kamajaya                 : “Mara lungguha cedak mrene! Iki sira tak paringi sarana aran “Suri-penatas’. Kanthi pusaka iki sira bisa ilang ing dirganta, kang ndadekake cepet tekan ing kraton Purwacarita. Mung mengko yen wis tekan ing papan sing sira tuju pusaka iki bakal musna bali ing kahyangan.”
Raden Panji Wangsengsari   : “Inggih Pukulun, matur sembah nuwun pambiyantunipun.”
Sawise maringake ‘Suri-penatas’ marang Raden Panji Wangsengsari, Hyang Kamajaya bali marang Kahyangan. Banjur sawise nampa ‘Suri-penatas’ sang Raden lan para abdi tumuju kraton purwacarita.

No comments:

Post a Comment