Geguritan (Puisi Jawa) #1

Kali ini ane mau ngeshare beberapa geguritan(puisi jawa) yang pernah ane bikin waktu kuliah. Mohon maaf kalau agak semrawut, namanya juga usaha...


1.  Cerita Kaping Siji 
 

Iki gurit kang kaping siji

Kang miwiti apa-apa kang wigati

Wiwiti saka lair nganti kepati

Ing duwur bumi nganti mati

Gurit iki dak anggo miwiti

Pakuliahan ing dina iki

Karo kanca sing sapa durung ngerti

Golek ilmu kanthi ngati-ati

Kaping siji sing kanggo miwiti

Atur dedonga marang Gusti

Gusti kang murbeng dumadi

Slamet lan ngati-ati ora lali

Ing pakuliyahan dina iki

Supaya ora gampang lali

Marang kedadeyan dina iki.



2.  Urip iki



Iki sing jenenge urip

Apa-apa krasa ora kepenak

Yen pengen penak kudu gumregah

Gumregah golek gawe pakaryan

Pakaryan sing kasil kanggo mangan sesuk

Mangan supaya kuwat olehe nyambut gawe

Gaweyan rampung sembahyang ora lali

Kanggo ngabekti marang Sang Gusti

Gusti siji kang murbeng dumadi

Kanggo sangu nalika tekan pati

Supaya ora kaya wong sing ora ngati-ati

Sing  duweni kalodhangan ing bumi iki

Banjur disiksa marang Gusti


3.  Nyawang tugasku



Ngantuk awan iki

Luwe ing awan iki

Bakal sirna yen ngerti blegermu

Kang katon morat-marit

Ing duwur ngisor meja iki

Kaya dolan ning awul-awul

Kang sarwa modal-madul

Arupa kaya bakul katul

Sing lagi bali saka Bantul

Yen nyawang jan gawe semrawut tenan

Adhuh tugas…

Bener pancen bisa gawe pinter

Nanging yen super bisa gawe mblenger

Nganti bisa ngiler-ngiler

Dirubung laler muter-muter. 

 
4.  Aku ditanggap



Hoi bapa ngelmuku

Aja gawe kakuwati ati iki

Yen saben dina kok cidrani

Marang janji-janji sing durung mesthi

Marang pakaryan kang ora nguwati

Ngerti aku yen panjenengan sekti

Sekti ngelmu sugih aji

Tanpa mantra, tanpa dupa

Nanging mesakna kawula iki

Wis siji tanpa aji

Pancen panjenengan ora mung siji

Aweh tanggungan ngene iki

Ing wektu sing ora suwe iki

Nanging aku ora bisa nulak ara bisa ngapa

Dadi kawula sarwa ngabekti

Merga urip iki kuwasane Gusti

Ukum iki ya duwene Gusti

Sing paring biji ya Gusti



5.  Gurit Panjaluk apura



Tumpuk undhung

Nganti samandha gedhung

Atumpuk undhung

Nganti samandha gunung

Apa ta kuwi?

Duwit, lemah, banda donya, apa raja pati?

Dudu...

Lha apa?

Apa dosa?

Apa dosa iki nganti kaya mangkono kuwi

Sapa kang bisa ngresiki?

Sapa kang bisa ngapurani?

Yen ta ana, kuwi...

Ya mesti sing ngreksani bumi

Kang bisa gawe mari

Gawe tentreming ing jero ati

Kang kebak rasa srei lan drengki iki

Drengki marang kabeh para umate Nabi

Ora menteri ora abdi

Kabeh padha duweni cidraning ati

Ya ana, ing ngendi obate ati iki
Supaya ora kegawa nganti tekane pati

1 comment: